Blog ini, didedikasikan untuk merawat sejarah Ngliparkidul, namun dengan tetap memandang ke depan. Agar generasi Ngliparkidul memiliki masa depan yang lebih cerah dan terarah, namun tak tercerabut dari sejarah yang telah membentuknya.

ccc

Ngunduh tawon: lawuh wus cumepak ana sadhengah papan

Ana akeh jenis tawon. Tawon ndoan, tawon ndas, utawa tawon sik omahe cilik-cilik nggandul ana blandar lan usuk omah.

Tawon, kanggone warga Ngliparkidul, wus dadi kanca saben dinane. Kanca turu, merga kading kala turune sanding susuh tawon, uga srana nggo ngancani sega putih utawa thiwul. Alias nggo lawuh.

Buktine gambar ngisor iki. Para kanca lagi wae ngunduh tawon, trus dipilihi bareng-bareng. Anakan sih isih enom, dijupuk'i, trus dimasak.

Masak'e gampang. Paling gampang dilinting, alias dibungkus godhong gedhang dibumboni uyah. Trus ditlesepke ana pinggir pawon, utawa sak jeroning awu panas. Tunggu sedilit, mesti mateng.


Ana uga sik digoreng. Gumantung saka kasenengane dhewe-dhewe.

tawon dipisahke saka susuhe


siap dimasak
Piye, lur? nyenengke tha urip nang ndesa? Pancen. Pengen apa-apa, gari nyedhak neng ngalas, kebonan. Saka uler, tawon, lan akeh kewan kang isa dinggo lawuh wus cumepak.



Share:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Trending

Diberdayakan oleh Blogger.

Label

Recent Posts