Tawon, kanggone warga Ngliparkidul, wus dadi kanca saben dinane. Kanca turu, merga kading kala turune sanding susuh tawon, uga srana nggo ngancani sega putih utawa thiwul. Alias nggo lawuh.
Buktine gambar ngisor iki. Para kanca lagi wae ngunduh tawon, trus dipilihi bareng-bareng. Anakan sih isih enom, dijupuk'i, trus dimasak.
Masak'e gampang. Paling gampang dilinting, alias dibungkus godhong gedhang dibumboni uyah. Trus ditlesepke ana pinggir pawon, utawa sak jeroning awu panas. Tunggu sedilit, mesti mateng.
tawon dipisahke saka susuhe |
siap dimasak |